Amargi Kula Bêbasa, Awit Saking Punika Kula Wontên
.
SAKDHERENGIPUN pêrlu kula cariosakên, satêmene ukara ing dhuwur mênika mbotên asal njêplak utawa “mlintir” têmbung-têmbung (istilah ingkang liyane niku punapa nggih? adagium?) têrkênal saking filsuf Pêrancis, Descartes, ingkang nywantên “Kula mbatos, mila kula wontên”. Mbotên. Mbotên ngotên. Nanging kula pikantuk niku ukara bakda kula sêmedi *halah*. Salami kula tumut dumados warga marcapada blog, têrutami sabakda kula tingal satunggal-satunggal postingan kula rumiyin kaliyan tanggêpan-tanggêpan ingkang mlêbet, kula dados mangêrtos, wêdharing kang naminipun basa niku, saestu wigatos sangêt, miwah linangkung!
………..Kita sêdaya mboten naming gêsang “kaliyan basa” (with language), nanging uga “ing lêbêt basa” (within language). Kita ndamêl punagi kaliyan (with) saha ing (within) basa. Êngêt satêmene manungsa lan basa mbotên sagêd den pisaha, awit punika sajatosipun kualitas lan gaya basa niku dados indikator kualitas kepribaden saha budaya dene gêsangipun piyambake (manungsa). Mênawi wontên bocah ingkang lancar bêbasa Sunda, tuladhane, kantenan bocah niku dimong sarta didhidik ing kabudayan Sunda. Lha mênawi wontên satunggal tiyang ingkang awon bêbasanipun, nggih niku sagêd dados piyambake uga lênggahipun ing lingkungan ingkang awon. Kok sagêd ngoten niku? Amarga basa niku sanes naming pêrkara genetik, nanging langkung lêrês dipunwastani minangka fenomena (sosial) kabudayan. Kêmampuan satunggal tiyang nyêrêp sawiji basa niku gumantung dhatêng proses sosialisasi dene piyambake agêsang (grow and develop), sanes ing êmpan papan piyambake babar saha ikatan etnis.
………..Lajêng, punapa sajatosipun basa punika? Basa iku piranti kangge sêsrawungan lan komunikasi ing antaraning sêsami. Kathi basa niku, tiyang-tiyang sagêd srawung mratelakake kêkarepan, pikiran lan rasa-pangrasane marang tiyang sanes. Saliyane minangka alat kanggo srawung kang awujud lêsan, basa uga sagêd mujudake srana kanggo mêdharake isining rasa lan pamikir kang awujud tinulis, tuladhane tulisan mênika. Dados satêmene basa iku agêng paedahe tumraping manungsa. Mboten lêpat, menawi wonten kang kagungan wawasan mênawa basa niku kang mbedakake manungsa lan kewan; manungsa gadhah basa dene kewan mboten. Niku yo nggih ditambih sekêdhik cathetan, wêdharing tiyang ingkang mboten sae basane, mbotên bentên tinimbang sêgawon wong kang mbotên gadhah subasita (ya nggih, sêgawon). Lan mboten lêpat, utawa wontên kang wicantên, yen basa niku paningalan jiwa, cêrmin jiwa. Uga lêrês, ajining diri saka puchukê lathi. Mênawi mêmanahan sêtiyang lagi morat-marit, mila basane uga morat-marit.
………..Kanthi basa, dunya kita sadaya dados agêng, anglewati watês-watês fisik, etnis, agama lan kabudayan, malih uga manglewati watês ruang lan wêktu. Lewat basa, banda-banda saha tiyang-tiyang ing kêpang dados kêlet kaliyan paringan asma, dadosipun kalih sadaya asma niku, manungsa ndamêl jaringan komunikasi sarta ambangun makna-makna. Sadayanipun diparingi atribut lan klasifikasi, kang pundi, atribusi lan klasifikasi wau mbêkta kawêdalipun ilmu pêngêtahuan lan teknologi.
………..Kaliyan pitulung basa, dunya dumados têrstruktur, dadosipun kraos mêmitran kang sae. Sajake mênika ingkang dipunwastani dêning al-Qur’an surah al-Baqarah ayat kaping 31 wêdharing Gusti Allah sampun wucal dhatêng Adam sêdaya nami (al-asma‘). Amrih sagêd ngaosi mendah wigatos “nami” ing panggêsangan, cêkap bayangakên kados pundi panggêsangan sosial kita sedaya ajeng lumangsung mênawi manungsa lan banda-banda mbotên gadhah asma. Punapa ingkang winarah kanthi panggêsangan sosial saupami kita sêdaya wangsul dhatêng donyaning Tarzan, dunya kang mbotên wontên basa kados kang kita gadhahi.
………..Mila, bêbasa niku kabudayan agêsang. Bêbasa niku inggih punika budaya. Lan budaya niku punapa ingkang kita pilampah rumiyin, sakmênika, saha benjing. Manungsa saged nêgêsakên sliranê kaliyan bêbasa. Awit saking punika jargon “kula mbatos, mila kula wontên” darbe Rene Descartes dados gantos dumados “kula bêbasa, awit saking punika kula wontên”, amargi saestu aktivitas bêbasan mênika ingkang ndamêlaken têrciptane idêntitas slira kita sêdaya.
[]
Bandung, 16 Mei 2009 | 01.07 AM (nalika ing ngasta)
Minangka ndandoske lan nglêstantunakên basa Jawi.
Masukan ini dipos pada 15 Mei, 2009 6:11 pm dan disimpan pada Suntuk dengan kaitan (tags) basa, jawi, nguri-uri, nyinau-nulis. Anda dapat mengikuti semua aliran respons RSS 2.0 dari masukan ini Anda dapat memberikan tanggapan, atau trackback dari situs anda.
15 Mei, 2009 pada 6:22 pm
Serat jawi kula ingkang rumiyin.
Ing wasana bokbilih seratan menika wonten kalepatan, kula ngasih-asih ing ngarsanipun para nupiksa mugi karsaa paring pitedah.
15 Mei, 2009 pada 6:28 pm
Bisa berapa bahasa sih?
15 Mei, 2009 pada 6:31 pm
cepet banget balesnya!
*baru aja dirilis*
16 Mei, 2009 pada 5:04 am
*hampir pingsan*
16 Mei, 2009 pada 5:22 am
*telpon ambulans*
16 Mei, 2009 pada 6:57 am
…
16 Mei, 2009 pada 10:25 am
…
16 Mei, 2009 pada 9:32 am
wew… ngracik postingan babagan basa nganggo basa jawa. wah, senajan mas ariss wis oncat saka perdikan tlatah jawa tengah, nanging ora lali karo basa ibu. salut!
16 Mei, 2009 pada 10:24 am
Nggih taksih kathah ingkang lepat, Pak Sawali. Awit menika kula nedha pitedah saking sinten kemawon.
16 Mei, 2009 pada 7:10 pm
waaaaaah… terjemahin dunk… sekalian basa sundanya… ayooo…
17 Mei, 2009 pada 1:49 pm
lha? bukannya kangBoed ini orang Jawa?
20 Mei, 2009 pada 7:14 pm
waaaah.. jebule ti tasikmalaya.. SMA masuk embandung.. jowone nang endi tho mas… hihihi… abdi mah tiasana nyarios sunda… matakna gabungna oge ka Paguyuban Sunda Wani… hehehe… sunda… sanes jawa.. euleuh euleuh si encep sok kitunya ka kolot teh.. eee… sumuhun ketang.. orang jawa bagian barat…
Salam Sayang
17 Mei, 2009 pada 8:53 am
basa iku uga bisa sinebut jalmaning kawruh. wong sing wus kaparingan weruh bisa maringi pituduh mring sapadha-padha. ingsun sejatine rahsa jarene, minangka bisa duwe penggalih lan bebasa. aku dadi kelingan arepe nggawe kamus basa jawa. ning ya piye maneh… kayane tan abisa anggayuh idealisme hawit weteng isih luwe…
17 Mei, 2009 pada 1:45 pm
Nggih saestu, Mas.
Niki ya ana kaitan ambi seratan ingkang wingi. Saka “tembung”, munggah menyang “ukara”, “ukara” nyenggol perkara “basa”. Hihi…
Ana sing dadi pikiran sakbenere, pama ana setiyang ingkang tulas-tulis komentar nganyelake, pa niku lingkungan lan gesangipun mboten apik? Nanging ya dados nambahi kearifan, wedharing latar belakang tiyang2 menika nggih bedha-bedha, lingkungan bedha, ya model basa ya bedha. Nanging saupama lingkungan kang dumados faktor pembentuk basa sinten kemawon, niku artine tiyang kang bersangkutan mboten saged disalahke? A kirangan…
*jan tenan, nulis kromo kok yo uangele nggumun!*
kula malah agi ndamel aplikasi Kamus Jawa – Sunda – Indonesia.

Mbak menawa sampeyan saged maringi bahan tembung-tembunge…
kelingan jargon sing muni: “alon-alon asal kelakson”
17 Mei, 2009 pada 2:55 pm
nyimpen cathetan2 (istilah suryomentaraman) saka lingkungan: saka wong tuwane, gurune, wewacan, kancane, lan uga karepe dhewe.
nek wus dianggep paling becik mesthi sing liyane ala. mbokmenawa nek salah kuwi merga rumangsa becik dhewe kuwi mau.
17 Mei, 2009 pada 5:26 pm
Oalah, lha iya ya. Kompleks tibakne.
Sik mas, lha saupama ana psikopat, mateni wong, jelas kuwi salah, nanging yen sing bersangkutan mbela diri; “aku milampah sing bener kok! sebab nang lingkunganku sing koyo ngene ki bener!”. Lha? Efek relativisme nilai benar-salah kok soyo suwi soyo suwi tak kaji, malah tambah medhen-medheni.
A, luwih mantep ide panjenengan. Nggih saene berbasis web, supados saged diakses sinten kemawon. Mengko tak gawe lah, panjenengan babagan kontributore.
oke…
18 Mei, 2009 pada 2:10 am
18 Mei, 2009 pada 2:43 am
bah, boso jawi, aq ga bisa basa jawa padahal nyokap gw MC basa jawa n aktor ketoprak
18 Mei, 2009 pada 8:15 am
Lhah mas Frozen (Ariss?) panjenengan menika tiyang pundi kok basa Jawa panjenengan kados mekaten? Lingkungan panjenengan dipun agengaken wonten pundi? Menawi kula pareng mastani, basa panjenengan menika ‘tanggung’, mboten krama mboten ngoko, mboten alus mboten kasar.
Antawisipun ‘bebasa’ lan ‘wonten’ menika menawi kula pahami kok inggih timbal-balik. “Bebasa’ menika saluran ingkang mbnetuk nanging ugi dipun bentuk.
18 Mei, 2009 pada 11:03 am
Alhamdulillah, ana sing ngritik
Nggih mas, kuwi sing fatal, basa kula mboten konsisten, maklum, niki tulisan pertama basa jawa, nggih ya merga kula lahir ing Cianjur, kekathahen budaya Sunda, campur budaya Jawa, hasile Jawa mboten fasih.
Pripun saupama kula kursus privat ambi njenengan ae Kang. Tenanan!
*add kula nggih, ID YM : paradoks_2017
Matur suwun.
.
.
.
*mas jenang kok yo ra ngandhani tho*
*grmbl… grmbl… grmbl…*
18 Mei, 2009 pada 12:42 pm
lhah, menawi piyantun Cianjur saged ngendikan/nulis kados ngaten menika sampun sae sangeet.. Kula kinten menawi saking Jawa Tengah-an je.. lha, malah kula ugi nyuwun tulung mbokbilih panjenengan kersa paring seserepan dhateng kula ing perkawis Basa Sundha. Kula kepengin sinau Basa Sundha. Lhah kula mboten gadhah sanak-kerabat ingkang manggen wonten wilayah Jawa Barat-an, dados mboten ngertos Basa Sundha.
19 Mei, 2009 pada 4:54 am
ya biyasa wong jenenge cah jaman samangkin je…
*klerune kakehan soale*
18 Mei, 2009 pada 9:11 am
huh, ini bahasa kaum bangsawan biar ngga bisa dimengerti kaum rakyat jelata ini
*jawamurtaddotnet*
18 Mei, 2009 pada 2:38 pm
@ Kang Nur
Wah, simbiosis mutualisme ceritane?
Nggih, insya Allah, saestu kula kersa.
19 Mei, 2009 pada 3:47 am
ngerti dikit2 tapi tetep aja banyak nggak ngertinya (doh)
19 Mei, 2009 pada 3:54 am
Sebenarnya justru dalam QS Al-Baqarah 31 tersirat makna agar kita senantiasa belajar dan belajar. Namun ada juga justru ‘tidak mau belajar’, seperti misalnya pada beberapa orang mengatakan bahwa sebaiknya shalat pakai bahasa lokal. Alasannya karena memakai bahasa Arab bukan budaya mereka. Ya, bagi mereka yang berpendapat begitu ya silahkan saja. Tapi bagi saya, justru itu merupakan tantangan bagi saya untuk mengetahui bahasa Arab sedikit2 untuk menambah pengetahuan saya. Jadi bagi saya, saya tidak begitu meributkan bahasa sebagai masalah identitas. Lha, jangankan bahasa Arab, lha wong bahasa2 daerah
seperti inibahkan bahasa tarzanpun yang mungkin merupakan cikal bakal dari ’sign language’ untuk tuna netra pasti akan sangat berguna untuk dipelajari. Bahkan bahasa binatangpun kalau bisa mungkin akan sangat berguna untuk dipelajari. Mungkin memang banyak orang yang diciptakan di dunia ini yangdaya serapnyakeinginan belajarnya agak kurang….**eh komennya nggak nyambung ya??**
19 Mei, 2009 pada 6:29 am
btw itu bahasa apa ya?? kok aku bacaya bingung
btw salam kenal yo ^^
19 Mei, 2009 pada 9:02 am
@ S™J
*


omongan mas jenang nylekit dehwis ben, anggere isih ana semanget sinau
.
.
.
@ Arm
ah, sebetulnya ndak begitu juga… u_u
akeh klerune ngono kok.
.
.
@ rukia
jangan dipaksakan mbak
tapi kalau sudah terlanjur membaca dan mata berkunang-kunang, segera hubungi dokter..
.
.
@ Yari NK
Wow!
Pandangan yang menarik. *catet*
Saya tak pernah berpikir ke sana, yang soal (shalat kenapa harus) bahasa arab yang Anda singgung itu. Trims komentarnya Pak
.
.
.
@ Novi~Atrix
bahasa Jawa, Bu/Mbak/Ses/Tante/Bude/Jeng/…
salam kenal balik!
19 Mei, 2009 pada 2:32 pm
kulanuwuun
. mbok menawi panjenengan ingkang aseli cianjur saget nyerat seratan basa sunda lemes lan dilajengaken artosipun ngangge basa jawi kromo inggil.
kanggenipun tiyang sunda basa jawi panjenengan sampun sae sanget, sanadyan taksih “campur adhuk” antawis basa ngoko lan kromo, kawula kemawon tiyang jowo aseli inggih kadosipun mboten saget nyerat seratan ingkang panjang wonten blog, amargi drijinipun sampun pegel lan linu
19 Mei, 2009 pada 5:18 pm
monggo (teng griya mas…)
mbok menawi panjenengan ingkang aseli cianjur saget nyerat seratan basa sunda lemes lan dilajengaken artosipun ngangge basa jawi kromo inggil.
nggih saupama kula saged
20 Mei, 2009 pada 12:38 pm
Wah, basa Jawa kula langkung mertanggung Je. kula lair ngantos sak menika taksih wonten Ponorogo kemawon. dadose basa Jawanipun mboten saged sealus Tengahan, ananging nggeh mboten sekasar (haha) Wetanan.
nuwun sewu, Segawon niku nopo taksih sedherek kaliyan Demalung?
20 Mei, 2009 pada 4:14 pm
Demalung? Apa itu?
Yen segawon niku sing dikenal sebagei “guguk” niku.
21 Mei, 2009 pada 8:23 am
pami nu ieu aseli teu ngartos abi mah… @_@
*nyungsep di sumur*
21 Mei, 2009 pada 2:07 pm
iki blog gawe boso jowo, keren, keren
22 Mei, 2009 pada 6:58 am
Wah saestu sae niki bebasane….!!! sami kalihan kula…. PUJAKESUNDA:))
24 Mei, 2009 pada 3:27 pm
Pa Nyomaaaan Wendraaaa…. anaknya ketinggalan…
24 Mei, 2009 pada 6:58 pm
sepertinya guru-gurumu banyak yang keren…
1 Juni, 2009 pada 10:08 am
iya dong . beliau tuh yaa . WE-O-WE banget!!
Jagoan neon lah.
26 Mei, 2009 pada 11:38 am
Salam kenal aja
11 Juni, 2009 pada 3:28 pm
mbuh ah… mboten ngertos abdi mah…